Selasa, 14 Juli 2020

contoh geguritan covid-19



 a


Virus Corona

Jaman Iki wis tuwo
Jaman Iki wis wayahe Kuncoro
Warga pada gelisah
Warga pada ora bebungah
Sebabe yo opo..
Virus kang gawe geger dedunyo
Virus kang gelisah warga
Corona...
Virus ingkang asale saka Cino
Virus ingkang sampun nyebar sak dunyo
Virus ingkang sampun gawe geger
Gawe resah lan gawe kekaprah
Mulo iku kita kudu nyedak marang Gusti
Nyuwun ngapura supaya dilindungi
Duh Gusti...
Adohaken Kulo
Marang bebaya dunyo lan akherat
Apik ala lelakon
Yen pancen wis dalane
Aku ikhlas marang sak kabehane
 
 







                                                                                                                           










GEGURITAN COVID 19
Dina-dina kang kebak panyendu
Tembang talu kaya lakon
Kontrang-kantring kadhesek rasa
Kang tansah sumelang
Kejiret obahe ayang-ayang
Kutiya aja metu nggriya apa maneh ura
Isih dadi pangunci kang kebak pangati-ati
Kanggo munthesi lanjaran-lanjaran landri
Ana saktengahe panalangsa
Serta pangupa jiwa
Lelara covid sangalas corona
Trus nglimpe wewayangan kang lena
Iki dudu sebaine crito kang nate keprungu
Isih intrim sanajan tanpa tenger kentha ditir
Isih kebak tandha pitakon
Kepiye ngadepi sisipe lelakon
Pawarta jaba kang ketaman lara
Kinipakara paraga baku bateh atan kena melu
Lamun nganti pagut ubakarane jeneh padatan
Luwih deksio wisa AIDS
Jiwa-jiwa kang isih kebak tandha pitakon
Kapan pungkase lelakon datan bisa  kawangsulan
Gusti kalihsena ing memala among sihing paling mirna paduka

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar