Sabtu, 26 Agustus 2017

Kerajinan vas bunga dari bambu bahasa jawa

KERAJINAN TANGAN VAS BUNGA SAKA PRING

Kerajinan tangan saka pring pancen okeh jenis lan wernane,ana ing ngisor iki arep di jlentrehake kepiye carane nggawe kerajinan vas kembang saka pring sing unik lan nyenengake
Piranti lan bahan kang perlu di sediakake :
  • Pring sing wis garing
  • Gorok/gergaji
  • Pilok
  • Gunting
  • Kertas gosok
  • selotif bening
  • Silet
carane :

  • Kabeh bahan mau di siapake
  • Pring di potong kanthi nggawa motif miring ngaggo gorok ora nganggo lading :D
  • Pring kang wus di potong mau banjur di gosok nganggo kertas gosok nganti wernane maleh dadi ireng semu coklat
  • Sak wise pring di gosok nganti maleh wernane banjur di ubet-ubet nganggo selotif bening ara ana sing ketinggalan.
  • Gambar motif yang diinginkan
  • Pilihen motif gambar sing ko senengi contone : kembang,kewan,pemandangan utawa tulisan kaligrafi
  • Banjur motif mau di ukir nganggo silet,sahinggo kulit pring sing arep di cat ucul saka pringe
  • Sabanjure di cat nganggo pilok sesuai werno sing kok senengi
  • Di pepe sak untara nganti cat mau garing
  • Selotif sing iseh ana nempel panggonan pring mau di copot
  • Panggawean wis rampung,vas kembang saka pring wis kena di nggo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar